Desember 2008

22 Dhésèmber 2008-Kanggo kapisan edisi manga Das Kapital karya Karl Marx dadi buku laris ing Jepang. (sumber)

15-Dewan Perwakilan Thailand milih Abhisit Vejjajiva saka Parté Dhémokrat minangka Nayakotama. (sumber)

15-Piagam ASEAN wiwit lumaku sawisé disetujoni déning kasepuluh anggotané. Kanthi mangkono nagara-nagara ASEAN maju menyang arah kesatuan ékonomi lan masarakat. (sumber)

14-Pamaréntah Indonésia mudhunaké manèh rega BBM jinis premium dadi Rp5.000,00 per liter lan solar dadi Rp4.800,00 per liter, lumaku wiwit Senin, 15 Dhésèmber 2008 jam 00.00 WIB. (sumber)

13-Miss Ruslan 2007, Ksenia Sukhinova, kapilih dadi Miss World 2008. Sauntara iku Miss Indonésia 2008, Sandra Angelia, dadi finalis 19 besar sajeroning kompetisi fast track Talent. (sumber)

12-Fiksi ngraih gelar Film Bioskop Paling Apik lan telu bebungah utama liyané ing ajang Festival Film Indonésia 2008. (sumber)

11-Mantan Mantri Luar Negeri Républik Indonésia Ali Alatas tilar donya ing RS Mount Elizabeth, Singapura, titi wanci jam 07.30 wektu saenggon ing yuswa 76 taun.(sumber)

7-Univèrsitas Bern maringi gelar doctor honoris causa marang John Le Carré (sumber)

2-Mahkamah Konstitusi Thailand mutusaké bakal mbubaraké parté sing kuasa Parté Kekuatan Rakyat lan nglarang Nayakotama Somchai Wongsawat mèlu pulitik sajeroning limang taun. (sumber)


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy